Ana səhifə

Appendix data 1: “Pinjem Korek”


Yüklə 130.5 Kb.
tarix27.06.2016
ölçüsü130.5 Kb.
APPENDIX

Data 1:


Pinjem Korek”

A : Mas ngampel korek

Mas B : Mongo

A : Suwun mas

Mas B : Nggeh…. Sami-sami.

A : Buk jajane iki pironan?

Ibuk Warung : Limangatusan mas.

(pkl. 13.12 WIB 15/05/2010)

Data 2:


Suguhan”

Pak RT : Monggo mas di unjuk. Wonten e nggeh namung ngenten niki suguhane.

Saya : Nggeh Pak. Kok repot-repot.

Ibu RT : Biasa ae mas. Mosok enek tamu kate gak digawekno opo-opo

Saya : Hehehehe…. Koyok sinten ae kulo buk.

Pak RT : Trus mas Dadang sampun tepang Pak Bagio?



(pkl. 11.14 WIB 17/05/2010)

Data 3 :


kumpulan”

Pak Rt : mas dadang saget komputer?

Saya : saget pak. Wonten nopo?

Pak Rt : kulo nyuwun tulung pean ketik ne surat tugas niki nggeh.saget?

Saya : Oo..saget pak.

Pak Rt : ki mengko pean gae rodok cilik ae mas ya. Mas dadang sembarang-barang saget.

Saya : nggeh boten pak. Namung belajar.

(pkl. 16.47 WIB 21/05/2010)

Data 4 :


Traktiran”

mas Bram : mas dadang repot? Yuh melu aku.

Saya : arep nek ngedi mas?

Mas Bram : wes ta...pokok e penak melu aku...hehehe

Saya : weh..lagi akeh rejeki iki.

Mas Bram : enggak....jenenge rejeki kan wus onok seng ngatur mas



(pkl.15.37 WIB 21/05/2010)

Data 5 :


Hp”

Soni : hapemu anyar ta?

Indra : yo..la po?

Soni : piroan rek ngene iki?

Indra : woh.. larang iki. Tak tukok ne hapemu intok telu paling...hehehe

Soni : gayamu rek-rek..



(pkl. 10.12 WIB 22/05/2010)

Data 6 :


Cantik”

Mas Udin : wes onok kancane gurung?

Mbak Lina : gurung...pean kancani po piye mas? Hehehe

Mas Udin : ngko dilabrak pacar e aku...

Mbak Lina : pacar teko ngendi to mas-mas...

Mas Udin : mosok? Kowe ki ayu lho...mosok gurung nduwe pacar.

Mbak Lina : halah..mas iki..wajah pas-pasan ngene iki kudu nrimo...hehehe

(pkl. 14.16 WIB 22/05/2010)

Data 7 :


Wanita”

……………..


E : na ….. enek banyu ngombe ta ga?

B : ndek mburi njipuk o dewe..

A : keluh kesah seorang istri

E : opo lho iku ?



(pkl. 09.56 WIB 14/05/2010)

Data 8 :


ketemu Teman”

…………………………

C : oo…atuk atuk e aret e iku jan koyok setan. Mlencang – mlenceng gak karuan paran

B : beh …. Yo kok udan terus ngene iki piye

C : ngecam kopi ae. Jek nduk koro ae tak gek ne kopi nduk mburi

(pkl. 10.14 WIB 15/05/2010)

Data 9 :


Suguhan”

Pak RT : Monggo mas diunjuk wantene nggeh naming ngeten niki suguhane.

Saya : Nggeh Pak. Kok repot-repot

Ibu RT : biasa ae mas, mosok enek tamu kate gak digawekne opo-opo

Saya : hehehehe….koyok sinten ae kulo bu.

(pkl. 11.14 WIB 17/05/2010)

Data 10 :

Beli Obat”

…………………


Mbah Jo : Halah le, kadohan dadak nduk apotik. Sopo seng ngeterne, anakku podo omah dewe-dewe

Mas Feb : Nggeh lek ne butuh nopo-nopo sanjamg kulo mawon mbah. Mangke kulo teraken. Wong nggeh celak mawon

Mbah Jo : suwun yo le…

Mas Feb : nggeh…mboten nopo-nopo



(pkl. 15.35 WIB 17/05/2010)

Data 11:


Beli Kopi”

Mas A : Tukokno Kopi 2 karo gorengan patangewu. Oh yo…rokok suryane sak pak. Ki dwite.

Si B : Ok…ndi kuncine motor?

Mas A : Jo sui-sui. Mas dadang selak ngantuk

Si B : yo

(pkl. 18.43 WIB 16/05/2010)

Data 12 :

Gak Dengar”

Roni : heh…rodok banterno. Gak krungu

Dani : makane ojo adoh-adoh kon iku

Roni : wong yo gak onok panggen ngunu



(pkl. 20.05 WIB 17/05/2010)

Data 13 :

Korek”

Mas A : tulung jupukno korek

Mas B : nyoh…

Mas A : weh…iki rokok kok mantep merke opo yo?

Mas B : njaluk situk ae njajal

Mas A : yo …iku



(pkl.21.04 WIB 17/05/2010)

Data 14 :

Nyangking”

Mas A : Tot, lek rene cangkingno klambi irengku tak cantolne nduk lawang.

Gatot : Lawang kamar tam as?

Mas A : ho’oh …. Kate tak gawe metu.



(pkl. 19.27 WIB 16/05/2010)

Data 15 :

Geser”

Pak A : Buk nyuwun sewu. Panjenengan radi geser nggeh

Buk A : oo..nggeh monggo.

Pak A : Ngapunten …soale mbetah-mbetahne panggen

Buk A : ngeh …mboten nopo-nopo.

(pkl. 09.24 WIB 19/05/2010)

Data 16 :

Titip Pulsa”

Mas A : Eh Jo…titip tukokno pulsa yo.

Jo : Piro?

Mas A : sepuluh ewu pulsa telpon yo..

Jo : Nek nomor Xl-mu ta?

Mas A : ho’oh … iki dwite



(pkl. 15.48 WIB 18/05/2010)

Data 17 :

Gula”

Mbak A : Buke gadah gendis?

Ibuk : Telas ki nduk. Kate gawe opo?

Mbak A : Damel susu anget. Awakku rasane kate gering iki buk.

Ibuk : yo wes, tunggunen..ibuk ae tak tuku gulo disik.

Mbak A : Pun buk…kulo malah ngrepoti njenengan.

Ibuk : gak popo ……

(pkl. 18.09 WIB 18/05/2010)

Data 18 :

Bareng”

Pak Junet : Pak Pardi karo sopo?

Pak Pardi : Kene karo aku pak. Tak bonceng

Pak Junet : Ngunu…oke

Pak Pardi : Pak Sukri wes budal ta?

Pak Junet : jek tas budal kunu mau



(pkl. 19.19 WIB 18/05/2010)

Data 19 :

Kawasan Wisma Ndolly”

Pak Joko :Dancok…… ngombe bintang lambeku rasane petar, opo kadaluwarsa ta ku mau?

Slamet :Lambemu seng elek paling cak…. Heheheheh. Emang kon teko ngendi bir iku mau?

Pak Gendut :Kon nemu nduk parkiran paling.

Pak Joko :Joh….. kon iku seneng weruh konco ne soro. Aku mau tuku nduk warunge Mak Cim. Kan wong e ayu. Dadi aku tuku nduk kono.

Slamet :Wow…… ancen kon iku cak. Awas ati-ati ngko oplosan sanuke.



(pkl. 22.16 WIB 11/05/2010)

Data 20 :

Makam”

Bu Cut : Opo seng nggarakno iku ?

Pak Hadi : Iku lho bu...jane kunci seng ndek makam iku matur lek ne cerita iku fakta

Ayah : Iku emang bener-bener onok buk. Iku ceritane kunci podo karo ceritane mbah Darmi ndek omahe kae

Bu Cut : Mbok Darmi itu kan wes sepuh. Jek eleng jaman biyen ta ?? hehehe

Ayah : Ojo salah. Mbah Darmi iku pinter lho. Jek kelingan sembarang-barang.



(pkl. 13.36 WIB 12/05/2010)

Data 21 :

Rebonding”

Bu Gendut : ha...ha...ha.. rambut mu kon kapakne nduk ?

Rina : halah...ibuk iku mesti ngenyek ta

Bu Gendut : yo ta gak...muk lucu ndelok rambut mu. Rebonding ta nduk ?

Rina : iyo.

Bu Gendut : nduk ngendi rebonding mu nduk ?

Rina : ndek salon “Riska”. Ndek kono apik tatanane buk. Obat rambute yo gak murahan. Dadi gak gawe ngrusak rambut

Bu Gendut : oo...pantes rambut mu ketok lemes apik



(pkl. 15.46 WIB 12/05/2010)

Data 22 :

Ngerumpi”

Santi : Rin...nduk ngendi ae kok suwe temen ?

Rini : Bojo ku memeti ae, pegel aku. Bojo wes gak kerjo panggah wedok e ae seng kon wira-wiri golek utangan

Santi : Ngono iku pegaten ae Rin...Rin...nyusahne kon tok.

Rini : Mboh... ngelu ndasku lek carane ngono. Mbiyen wes tak omongi kon kerja nduk kardusan gak gelem. Jane butuh mangan ta gak wonge ki ?

Santi : Bojomu no jane malesan kerjo paling. Kerjo penak nduk kardusan kok gak gelem.



(pkl. 18.36 WIB 12/05/2010)

Data 23 :

Beli Gorengan”

Mas A : ceweeeek...kate nduk ndi ?

Mbak A : kate golek gorengan. Gerimis-gerimis ngene iki mangan gorengan jan sip. He...he...he...

Mas A : kate tuku nduk ngendi grimis-grimis ngene ? ayu-ayu mlaku grimis-grimis gak eman-eman wedak e ta?? He..he..he..

Mbak A : halah...mas i iso-iso ae....tuku nduk warunge pak mat. Wes mas yo aku kate tuku dimek, bolo-bolo podo ngenteni.

Mas A : Oo....onok koncone ta ?

Mbak A : Ho’oh...

(pkl. 10.56 WIB 14/05/2010)

Data 24 :

Wanita”

A : ekspresi mu nggilani

B : opo ta kon iku...

E : na, onok banyu ngombe ta gak ?

B : nduk mburi. Njipuk o dewe

A : majalah opo iki.....keluh kesah sang istri

E : opo lho iku ?

A : iku... aku moco majalah. Gosipe sak iki arek-arek cewek akeh keno plecehan

B : ho’oh....koyok nduk ndolly akhir-akhir iki jare pelanggane sering gawe geger

A : weruh teko ngendi kon ? koyok pe’eun e ae kon iku...hehehehe

B : model mu...elek-elek o ngene gak sudik aku kerjo nuk ndolly

(pkl. 09.56 WIB 14/05/2010)

Data 25 :

Metu Bareng”

A : Brarti ngene ae, lek iso arek-arek kon budal disek. Mane bonco karo ipung ben kate nyusul, piye ?

B : ngunuyo kenek. Motor mu nduk ngendi ?

A : motorku nduk bengkel. Busine aus karo karbone njaluk ngganti jarum. Motorku boro goro-goro diutik-utik Dalbo

B : Oo...ancene Dalbo koplak

(pkl. 08.09 WIB 15/05/2010)

Data 26 :

Ketemu Teman”

A : dek wingi iku aku aroh arek’e tapi gak sempay nyeleuk

B : emeng ketemu nduk ngendi ?

A : nduk cedek e polsek kupang kono

C : Oo....ancen arek e iku an koyok setan. Mlencang-mlencing gak karuan paran

B : beh.... yo kok udan terus ngene ki terus piye

C : ngecam kopi ae. Jek nduk kono ae tak gek no kopi. Glem ?

(pkl. 10.14 WIB 15/05/2010)

Data 27 :

Tongkrongan”

A :mas e saking pundi ?

Saya :kulo saking STAIN Tulungagung pak

A :pun dangu ta dateng dalem e pak Rudi

Saya :tasek nembe setunggal minggu pak

A :mas e ki wes ganteng calon sarjana pisan. Bibar lulus dados guru no mas ?

Saya :insyaallah pak...amien. panjengan do’a aken.

(pkl. 13.45 WIB 20/05/2010)

Data 28 :

Sapaan”

Saya :saking pundi mbak ?

Mbak Tina :Iki mas...golek klambi

Saya :we...mbak e tas entok rejeki iki

Mbak Tina :ya Alhamdulillah mas...hehehe

Saya :Alhamdulillah...mbak e pun saget nyambut damel. Seneng aku

Mbak Tina :ya seng penting halal mas

(pkl. 20.23 WIB 20/05/2010)

Data 29 :

PEREMPATAN JARAK”

Tukang Becak :Pak Kopine situk

Tukang Warung :Ireng opo coklat?

Tukang Becak :Ireng ae.

(pkl. 19.36 WIB 11/05/2010)

Data 30 :

Lapangan”

Randi :Jo….. yoh bal-balan

Sandi :Nduk endi liyane?

Randi :Wes nduk kono arek-arek…… podo cangkrukan ambek ngenteni liyane. Jare’ne lek mene-mene selak kesoren.

Sandi :Jek tak ganti klambi.

Randi :Jo kesuen jo

Sandi :Lha po’o…..

(pkl. 15.36 WIB 11/05/2010)

Information:


Randi invited to play soccer. When the password is in the house and invited by Randi.

Data 31 :

Pinjem Korek”

A :Mas ngampil korek

Mas B :Monggo

A :Suwun mas

Mas B :Nggeh…… sami-sami

(pkl. 13.12 WIB 15/05/2010)

Information:


the place time chatting and joking in front of the house while watching people passing by.

Data 32 :

Beli Sabun”

Mas A :Mbah……. Kate nduk ngendi kok mlaku?

Mbah :Kate golek sabun

Mas A :Kene tak terne. Wes tuek kok jek mlaku-mlaku panas-panas ngene.

Mbah :Tak mlaku ae. Ngko malah ngrepoti.

Mas A :Enggak….. kene numpak mburi

Mbah :Suwun yo le

Mas A :Iyo…… gak popo mbah.



(pkl. 13.08 WIB 17/05/2010)

Information:


Mr. A was speking during a break while sitting on the porch and then saw a grandmother who was walking in the scorching heat.

Data 33 :

Korek”

Mas A : Tulung jupuk no korek.

Mas B : Nyoh

Mas A : Weh….. iki rokoke kok manteb merk e opo ?

Mas B : Njaluk sitok ae njajal.

Mas A : Nyoh……



(pkl. 20.13 WIB 16/05/2010)

Data 34 :

Pulpen”

Pak A : Mas tulung pean pendetne pulpen

Mas A : Wuh nggih, niki.

Pak A : Suwun



(pkl. 10.24 WIB 16/05/2010)

Data 35 :

Kopi”

Pak A : Pak tulung jipukno kopi

Pak B : Seng ndi?

Pak A : Sing karek setengah

Pak B : iki ta ?

Pak A : eman-eman gak dientekno



(pkl. 21.18 WIB 17/05/2010)

Data 36 :

Kolak”

Mas Iput :Dang ombenen kolake, lek kurang nduk mburi jek okeh.

Saya :Nggeh mas

Mas Iput :gak ngrokok ta ?

Saya :Weh….. gak ngrokoke mas aku

Mas Iput :Oooo…..



(pkl. 12.45 WIB 14/05/2010)

Lapangan”

Randi : Jo….. yoh bal-balan

Sandi : Nduk endi liyane?

Randi :Wes nduk kono arek-arek…… podo cangkrukan ambek ngenteni liyane. Jare’ne lek mene-mene selak kesoren.

Sandi : Jek tak ganti klambi.

Randi : Jo kesuen jo

Sandi : Lha po’o…..



(pkl. 15.36 WIB 11/05/2010)

Data 37 :

Sepak Bola”

Anak A : Hayoooo….”

Anak B : gak aku lek ngunu, licikan kon

Anak C : licik piye to??

Anak-anak lain : pelanggaran-pelanggaran

Anak C : gak iso – gak iso. Pelanggaran piye to? He..he..he..

Anak A : wow…tak tonyo kon ngko.

Anak B : kene-kene bale, ken eta maeno?



(pkl. 16.36 WIB 13/05/2010)

Information:


Spoken by a man who played football in the street gang there is one child who commits an offense while playing ball.

Data 38 :

Geser”

Pak A :Buk nyuwun sewu, panjenengan radi geser nggeh

Buk A :Ooo… Nggeh monggo

Pak A :Ngapunten….. Soale mbetah-mbetahne pengen

Buk A :Nggeh mboten nopo-nopo

(pkl. 09.10 WIB 14/05/2010)

Data 39 :

Mengantar”

Bu Sri :Mas… Tulung terno aku diluk yo.

Mas Budi :Ono opo buk??

Bu Sri :Aku kate ntegat angkot nduk ngarep

Mas Budi :Sek tak njipuk kunci buk.

Aku :Bade dateng pundi buk??

Bu Sri :Bade Budal kerjo mas

(pkl. 08.07 WIB 14/05/2010)

Data 40 :

Utik-utik Motor”

Mas Hasan :Bo… nganggur gak?

Dalbo :Onok opo??

Mas Hasan :Motorku nyapo yo kok mbeler. Njajal uti-utiken

Dalbo :gowonen rene njajal tak utik-utik e.

(pkl. 11.34 WIB 14/05/2010)

Data 41 :

Gawe Kopi”

Pak A :Buk tulung gekno kopi situk

Buk Warung :Kopi opo pak?

Pak A :Cangkir ireng ae.

Buk Warung :Diluk pak yo. Banyu ne meh umup.

(pkl.14.18 WIB 14/05/2010)

Data 42 :

Kawasan Wisma Dolly”

Pak Joko : Joh….ngombe bintang lambeku rasane petar. Opo kadaluarso ta iku mau?

Slamet : Lambemu seng elek paling cak …. Hehehehehe. Emange kon oleh teko ngendi bir iku mau?

Pak gendut : kon nemu nek parkiran paling botol iku mau…?

Pak Joko : joh…kon iku seneng weroh koncone soro. Aku mau tuku nduk warunge mak cim. Kan wonge ayu, dadi aku langganan mrunu.

Slamet : wow….pancen kon iku cak. Awas ati-ati akeh barang oplosan seng nggarai matek kon.



(pkl.21.36 WIB 14/05/2010)

Data 43 :

guyon bareng”

Rizal : oe…kon teko endi ae suwe gak ketok

Beni : repot terus soale, sampek gak sempat leren.

Rizal : Wah…kon iku koyok kebo ae mbendino mlaku. Leren diluk po’o ben rileks.

Rizal : la po’o?

Beni : bosku panggah narjet aku terus soale. Sampek gak sempet leren

Rizal : wow…bos mu iku atuke bejat. Gak ngerti arek lempoh.

(pkl. 08.38 WIB 15/05/2010)

Data 44 :

Tukang Becak”

Pak Surdi”: kok sepi temen ta iki maeng?

Pak Supri : Ancen sak iki akeh hape …. Dadine talilut---talilut langsung di susul. Kene iki seng dadi jepluk gak onok penumpang.

Pak surdi : Ancene becak iku wes barang kuno lho…pe’cun-pe’cun opo gelem sak iki numpak becak.

Pak Maksum : Ancene becakmu iku kudune njaluk dicet ben kinclong. Dadi pe’cun-pe’cun ben kepincut karo becakmu….haahahahahha

Pak Surdi : Duek gambar cakel opo sing arep gawe ngecet. Gae mangan ae susah.

Pak Supri : Seng penting dilakoni ae. Wong awake dewe njene iki yo kebutuhan. Pampean awake seng gedi yo jek kuat mancal meski umure wes tuo..iyo ta??

Pak Maksum : Pener iku, tapi ojo koyok babi. Gedi tapi gak gesik …hahahaha

Pak Surdi : Cangkemmu….

(pkl. 11.23 WIB 15/05/2010)

Data 45 :

ngumpul”

Saya : gak dolan mas??

Bondan : dolan nduk ndi mas Danang. Aras-arasen dolan, rame.

Saya : Biasane arek enom kan cuci mata bengi-bengi ngene.

Sulis : diumbah gawe rinso ae mas…hehehehe

Bondan : Matamu kui sing di rinso

Saya : La motore anyar kan sayang lek mek dikurungne, mending gawe dolan sopo ngerti entok cewek…hahahaha

Bondan : lah….sampean iki iso-iso ae. Motorku wes sui iku..

Saya : Suwi gak popo….tapikan jik ketok anyar.mesti gemi seng due.

Sulis : nyatuke mek dikrukupi sarung ae mas-mas motore…hehehe



(pkl. 14.57 WIB 15/05.2010)

Data 46 :

Pinjam Maenan”

Joko : ndelok….opo lho iku.

Bambang: ojok….dolananku apik to.??

Joko : mosok ngunu iku apik?? Nek apik olehno disilih…hehehhe

Bambang: ojok…aku engko di seneni ibukku..tuku dewe noo….!!

Joko : lek tuku nek ndi?

Bambang: nek tuku nduk kono. Karo bapakku og..

Joko : aku mbok diterne…

Bambang : ogah….

(pkl.15.37 WIB 16/05/2010)

Data 47 :

Beli kopi”

Mas A : Tukokno kopi karo gorengan patangewu. Oh yo...,rokok suryane sak pak, ki duwite.

Si B : Oke..,ndi kunci motore ?

Mas A : Jo sui-sui, Mas Dadang selak ngantuk. Hehehe…

Si B : yo…

(pkl. 18.43 WIB 16/05/2010)

Data 48 :

Di tunggu Teman”

Marni :Halo...,Tik, ndango rene, ditunggu arek-arek.

Si A :Suwine arek iku.

Marni :Yo…Jok suwe-suwe.

Mas B :Opo gak jipuk nduk toko ?

Marni :Ogak..gurung sempat soale.

Mas B :Yo wes..,lek kon nduk toko aku titip. Tukokno oreo patang kerdus karo biskuat limangatusan rong kardus, tak gowoni duwet pisan.

Marni :Ngono yo kenek.



(pkl. 20.03 WIB 16/05/2010)

Data 49 :

Pinjem Motor”

Pak Jeri :Mas, ngampil motore sekedap, kate tumbas pakan manuk.

Mas Hasan :Monggo…,bade tumbas dating pundi ?

Pak Jeri :Halah…nduk prapatan ngarep kunu.

Mas Hasan :Oiya pak…kuncine pean cantolne nggeh. Soale gampang ceblok.

Pak Jeri :Enggih…



(pkl. 07.38 WIB 18/05/2010)

Data 50 :



"Utik - utik motor"

Mas hasan : Bo….ngganggur gak ?

Dalbo : ono opo ?

Mas hasan : motorku nyapo yo kok mbeler. Jajal utik-utiken

Dalbo : gowonen rene jajal tak delok’e

(pkl. 10.14 WIB 18/05/2010)

Data 51 :

Titip Sabun”

Mbak na : Rin – rin ….kate nduk endhi?

Mbak Rina: golek sampo. Nyapo?

Mbak Na : aku titip sabun adus yo

Mbak Rina : ndi duwite..kene tak tukok ne pisan

Mbak Na : sek tak jipuk ne



(pkl. 08.15 WIB 18/05/2010)

Data 52 :

Nganter istri”

Jaki : Oo...kate nduk ngendi kon ?

Mas Gondrong : kate nduk mitra

Jaki : golek opo ?

Mas Gondrong : ngeterne bojoku golek sandal, nduk kono murah-murah soal e

Jaki : wow iyo nduk kono murah.....ya wes ati-ati



(pkl. 09.36 WIB 12/05/2010)

Data 53 :

Gosip Ariel”

Pak A : gak umum re Ariel ki ?

Pak C : Ariel seng gempar nduk berita iku ta ?

Pak A : ho’oh...kok ngunu yo arek e ?

Ibu W : jarene malah gak muk Luna Maya karo presenter Cut Tari tok ta? Lek jare wong-wong malah ono cerita jare Aura Kasih karo presenter seng rambute cendek kae, lali aku jenenge

Pak C : iyo.....pener iku. Video ne koyok e emang seng wedok iku Luna Maya. Tapi nduk berita polisine kok panggah bingng ae. Dikiro iku duduk Luna Maya.

Pah D : halah....lapo’o ngurusi Ariel. Ngurus mangan ae susah.

(pkl. 20.56 WIB 13/05/2010)

Data 54 :

Beli gorengan”

Mas A : ceweeekk....arep nduk ngendi ?

Mbak A : golek gorengan. Gremis-gremis iki mangan gorengan jan sip. Hehehehe

Mas A : kate tuku nduk ngendi ?

Mbak B : nduk warunge pak mat

Mas A : nduk warunge bu Gini ae. Nduk kono laris. Gorengane gedi-gedi

Mbak A : aras-arasen......adoh

Mas A : halah.....kok manja men ta. He..he..he..

Mbak B : yo ben ta mas. Wong wedok yo ngene iki. He..he..he..

(pkl. 10.56 WIB 14/05/2010)

Data 55 :

Cerita”

A : buk wonten utilan?

Ibuk : onok e surya mas. Arep ta ?

A : nggeh....mboten nopo-nopo. Kopi ireng e setunggal buk

Ibuk : sitok mas ?

A : enggeh

Pak B : entenono mas ya

(pkl. 19.16 WIB 13/05/2010)

Data 56 :

Wira-wiri”

A : yoh lakno

B : nduk ngendi tapi??

A : wes ta.....seng penting budal disek. Mengko ketemu-ketemu lek gelem muter-muter

B : ya wes lah.....manut aku. Soal e lek bengi ngeneki malah rame, opo maneh cowok-cowok podo balapan ndul dalan ngarep kae. Marai kriting nduk kuping suarane

A : iku lek jam 12 munggah.....baru onok arek balapan. Yoh kate ndang budal, selak ngantuk aku. Gandengen ya?

B : ogah.....kon seng ngejak kok

A : hoalah...ya wes



(pkl. 21.46 WIB 14/05/2010)

Data 57 :

Metu Bareng”

A : Brarti ngene ae, lek iso arek-arek kon budal disek. Mane bonco karo ipung ben kate nyusul, piye ?

B : ngunu yo kenek. Motor mu nduk ngendi ?

A : motorku nduk bengkel. Busine aus karo karbone njaluk ngganti jarum. Motorku boro goro-goro diutik-utik Dalbo

B : Oo...ancene Dalbo.

(pkl. 08.09 WIB 15/05/2010)

Data 58 :

Pinjem Korek”

A : mas ngampil korek

Mas B : monggo

A : suwun mas

Mas B : nggeh.....sami-sami

A : buk jajane ini pironan ?

Ibuk warung : limangatusan mas

A : tahu goreng e papat, bakwan e papat, bakpia telu, rokok suryane sak util. Piro buk?

Ibuk warung : nemewu patangatus mas

A : iki buk

Ibuk warung : susuk satus permen ae mas yo?

A : enggeh



(pkl. 13.12 WIB 15/05/2010)

Data 59 :

Harga Sembako”

Buk A : teko pasar ta buk ?

Buk B : iyo mbak. Golek sayur. Ki lombok mulai larang goro-goro musim udan

Buk A : iyo buk. Iki lombok mulai mundak regone. Dek wingi aku tas tuku nduk pasar cimeng sekilo wes mundak patangewu

Buk B : lha iyo ta mbak. Monggo.....aku tak masak disek bu. Bojoku gung tak openi kawet isuk

Buk A : enggeh....monggo bu



(pkl. 07.14 WIB 16/05/2010)

Data 60 :

Tawaran menginap”

Ibuk : turu kene ae mas. Wes wengi kate nduk ngendi ?

Saya : niki kulo tasek bade ne nggarap skripsi e buk. Nggeh ngapunten dereng saget tilem mriki.

Ibuk : oo,... skripsi ta

Saya : nggeh..

Ibuk : ya we....mene-mene turu kene lho ya. Anggep ae omah e dewe, gak usah sungkan.

Saya : nggeh bu. Monggo pareng. Assalamu’alaikum

(pkl. 21.44 WIB 16/05/2010)

Data 61 :

Suguhan”

Pak RT : Monggo mas diunjuk, wontene nggeh mung ngaten niki suguhane

Saya : nggeh pak. Kok repot-repot

Ibu RT : Biasa ae mas. Masak enek tamu kate gak digawekne opo-opo

Saya : hehehe...koyok sinten ae kulo bu

Pak RT : terus mas Dadang sampung tepang pak Bagio?

Saya : sampun pak. Pak Bagio sanjang dateng kulo lek ne sampun angsal laporan ken nemoni panjenengan ngaten

Pak RT : Oo...ya wes lek ngoten. Surat saking kampus e sampean, pean beto mas Dadang?



(pkl. 11.14 WIB 17/05/2010)

Data 62 :

Beli Obat”

Mas Feb : sinten mbah seng kate di obat ne?

Mbah Jo : aku...sikil ku rasane koyok gak kenek gawe mlaku ngene iki

Mas Feb : ngunu iku panjenengan ngombe obat opo ta mbah?

Mbah Jo : biasane super tetra aku mandhi

Saya : nopo mboten tumbas dateng apotek mbah ben sekalian diparingi saran

Mbah Jo : hoalah le, kadohan dadak nduk apotek. Sopo seng ngeterne. Anak ku podo omah dewe-dewe

Mas Feb : nggeh lek ne butuh nopo-nopo sanjang kulo mawon mbah. Mangke kulo teraken. Wong nggeh celak mawon.



(pkl. 15.35 WIB 17/05/2010)

Data 63 :

Nasehat”

Mbak Alin : ojo ngunu ta. Jek cilik wes diwarai aneh-aneh

Mas Joni : hehehe...ngene kok aneh-aneh

Mbak Alin : arek cilik ki di warai seng apik. Ora maleh diwarai njaluk

Mbak Rina : iyo mas. Marahi tuman lek diwarahi ngunu.

(pkl. 18.43 WIB 17/05/2010)

Data 64 :

Ngajak Pulang”

Mas A : yuh muleh wes wengi

Mas B : yo weslah....mene maneh. Seru jane

Mas A : yo dilanjut ne mene sore ae karo ngopi



(pkl. 23.14 WIB 20/05/2010)

Data 65 :

Beli Makan”

Gatot : wes mangan gurung? Yuh melu aku

Dani : nduk ngendi ?

Gatot : golek lawoh. Maeng aku masak sego

Dani : oo...cip...cip...yuh..hehe

Gatot : seneng kon...



(pkl. 17.05 WIB 20/05/2010)

Data 66 :

Baju Batik”

Buk A : mene isuk kate budal. Lek iso teko isuk pak. Soal e arek-arek tak omongi jam 7

Pak To : enggeh bu

Buk A : nggawe klambi batik pak yo

Pak To : lengan panjang nopo pendek ?

Buk A : sembarang pak. Penting batik. Soal e acara formal

Pak To : o...enggeh

(pkl. 19.40 WIB 20/05/2010)

Data 67 :

Jual Motor”

Pak A : motormu wes payu during pak?

Pak B : uwes…wes onok seminggu denk mngi

Pak A : payu piro?

Pak B : lha wong jenenge rejeki. Kepongkor onok wong kate golek motor sogun 2004, tapi gurung entok. Lha koncone arek iku koncoku. Karo koncoku diomongi lek aku kate ngedol motor sogun. Lha pas wonge teko goleki aku, tak rego 7.5 juta kok gak dtawar, langsung digelemi, ya wes langsung tak lepas.

Pak A : weh jen manjur tenan nasibmu pak.



(pkl. 21.36 WIB 13/0/2010)

Data 68 :

Menikah”

Mas A : kon iku suwe gak ketok neng ndi ae?

Mbak B : Tas onok repot sitik mas nduk omah.

Mas A : emang repot lapo?

Mbak B : halah iku lho … tas rabi.

Mas C : weleh-weleh … kon iku wes rabi ta?

Mas A : weh slamet yo. Arek ngendi bojomu?

Mbak B : sidoarjo mas

Mas C : Ngunu gak undang-undang kon iku karo bolo dewe.

Mbak B : iki muk keluarga ae mas. Gung iso gede-gedean.



(pkl. 16.39 WIB 19/05/2010)

Data 69 :

Kelulusan”

Oi : Piye bro…kon lulus gak?

Reto : Gurung delok aku. Gurung sempet soale. Dirimu piro?

Oi : medun aku

Reto : waw …kon iki ancene males sinau.

Oi : halah …. Kon barang yo males ngunu.



(pkl. 10.18 WIB 20/05/2010)

Data 70 :

Sakit”

Fester : Kakak barusan sakit ya?

Saya : Iya…. Tapi dah sembuh.

Fester : Syukur kalo udah sembuh. Jaga kesehatan Kak.

Saya : Iya… kesel mungkin wira-wiri terus

Fester : Harus banyak-banyak istirahat.

Saya : Oke…. Thanks bro.

(pkl. 17.08 WIB 19/05/2010)

Data 71 :

Motor Rusak`

Pak Pardi : Wonten nopo pak motore kok dituntun?

Pak (A) : uko niki Pak. Busine mbok menawi?

Pak Pardi : Mriki bengkel tebeh loh pak.

Pak (A) : Wonten e dateng pundi?

Pak Pardi : Dateng celak e polsek mriko.

Pak (A) : Pinten kilo?

Pak Pardi : Paling nggeh 1,5 km.

Mas Joni : Gek wes sore ngene. Jajal saman bedo mriki pak. Tak deloke.

Pak Pardi : Lha enggeh…. Padahal motore anyar nggeh pak. Untuk namung busine.

Mas Joni : Mugo-mugo gak rusak nemen nggeh pak.

Pak (A) : Amien….



(pkl. 14.28 WIB 21/05/2010)

Data 72 :

Sakit kaki”

Ibu (A) : Ibu e kengeng nopo sikil e?

Ibu (B) : Kesok an banyu panas bu.

Ibu (A) : Ya Allah …. Kok ngantos ngonten. Pun diperiksane buk?

Ibu (B) : Muk tak tuk i salep buk. Tapi wes gak panas maneh mau ne neng kulit rasane koyong kobong.

Ibu (A) : Lha enggeh… kok ngantos ngonten. Nggeh mugi-mugi cepet diparingi waras nggeh buk.



Ibu (B) : Amein……..

(pkl. 11.06 WIB 22/05/2010)


Verilənlər bazası müəlliflik hüququ ilə müdafiə olunur ©atelim.com 2016
rəhbərliyinə müraciət